Legenda Gunung Kelud
Ing kerajaan majapahit kang gemah ripah loh jinawi, tata tentrem kelawan kerta
raharja. Sajroning pasewakan ing siti inggil kraton majapahit sang prabu
brawijaya kahadep putri nipun ingkang sulistiyo ing warni lan para prajurit
ipun.
Putri pusparini ingkang sulistiyo warni mahanani kathah para taruna saking
njaban rangkah ingkang pingin ngayunaken sang putri. Ananing manah sang prabu
brawijaya mandeg mangu, amargi sang prabu mboten purun kadadosan derdah saking
panolak ing sang putri. Mula saking menika sang prabu brawijaya ngawontenaken
sayembara, sok sinteno ingkang saget menthang gendewa sakti kyai garudayeksa
lan ngangkat gong kyai sakerdelima inggih menika ingkang dados garwanipun sang
putri.
Sang prabu : “ Putriku angger
pusparini kepriye?, opo wis sumadya anggoniro
angadepi
sayembara ?”
Putri
: “ Saderengipun kula ngaturaken sembah rama. Ngenani bab
sayembara
dalem namong nyadhong dhawuhipun rama.”
Sang prabu : “ iyo,
sembahmu tak tompo. yo…mugo-mugo sayembara mengko kalakon
kanthi rancak , ora ana rubedo.”
Sang prabu : “ Iki ono
pawongan telu ngadep ing ngarsaku,opo iyo arep melu ngleboni
sayembara kisanak ?”
Taruna
1 : “ Inggih sinuwun
sadereng ipun, kula ngaturaken sembah. Nami kula joko lola saking negri
sabrang. Kula bade mupu sayembara.”
Taruna
2 : “ Kula semanten ugi
sinuwun sederengipun kula ngaturaken sembah. Nami
kula raden asmoro. Kula inggih nderek sayembara.”
Taruna
3 : “ Kula inggih sinuwun
sadereng ipun, kula ngaturaken sembah. Nami
kula
raden kusuma. Kula badhe nderek sayembara.”
Sang prabu : “ iyo, yen ngono
mboko siji majuo ing sangareping gendewo lan gong sigro.laksanakno amenthang
gendewa lan ngangkat gong.”
Taruna
1 : “ inggih sinuwun
ngestoaken dhawuh.” (mlampah dhateng
ngajeng.
Menthang gendewa nanging mboten saget)
Taruna 2
: “ Nyuwun palilah sinuwun
mugi-mugi kula saget ngrampungi sayembara menika.” ( mlampah dhateng
ngajeng . Menthang gendewa sasampunipun dilanjutaken ngangkat gong nanging
mboten kuat )
Taruna
3 : “ sinuwun ngestoaken
dhawuh , mugi-mugi kula saget ngrampungi
sayembara menika (mlampah dhateng ngajeng .
Menthang gendewa nanging mboten kuat )
Sang prabu : “ Sarekne
sayembara ora ono kang bisa ngrampungi, sayembara
enggal
ingsun wusanani”
Sesarengan kalian sabdanipun sang prabu, repepeh-repepeh lembu suro sowan
ngarsanipun sang prabu, badhe nderek mupu sayembara.
Lembu suro : “Nuwun sewu
sinuwun lepat nyuwun pangapuro. Kula pun lembu suro
badhe
mupu sayembara.”
Sang Prabu : “Jenengmu
lembu suro?! Awakmu menungsa sirahmu lembu, opo bisa
kowe
mupu sayembara?”
Lembu suro : “ Menawi gusti ingkang
murbeg dumadi, angidinaken paminto kula
mbok
menawi kula saget angrampungi sayembara.”
Sang Prabu : “ Yen ngono enggal
laksanakno sayemabra kisanak.”
Lembu suro : “ Sendiko
ngestoaken dhawuh sinuwun ( mlampah wonten ngajeng
anyedaki
panggenan gendewa kalian gong )
Lembu sura saget menthang aken gendewa lan ngangkat gong kaya mboten wonten
beban. Sareh ne lembu sura saget ngrampungi sayembara, lembu suro nggadhi hak
anggarwo dewi pusparini. Suasano ing kaputren, sang putri tansah muwun amargi
sang putri mboten purun kagarwo dining lembu suro.
Emban
: “ Ndoro
putri sampun dipun galih sanget-sanget. Mangke mindak
badanipun
kero anjalari sakit.”
Putri
: “ mbok emban kepriye anggonku anglakoni digarwo dining lembu suro sin ora
umum kaya sa’dengahe manungsa. Mbok emban aku njaluk eguh pratikelmu, kepriye
amprih aku ora digarwo dining lembu suro? Coba pikirno, kepriye pratikelmu mbok
emban?
Emban
: “ Nyuwun sewu gusti, menawi pamikiran kula mekaten, panjenenga kedah
anggadahi setunggal panyuwun ingkang aurat damatheng lembu suro.”
Putri
: “ Lha iyo mbok emban kira-kira opo panyuwunku mengko?”
Emban
: “ Eguh pratikel kula pripun menawi lembu suro dipun kengken ndamel sumur
wonten ing puncake gunung kelud.”
Putri
: “ Iyo yen ngono mbok emban, mengko yen lembu suro mlebu ing kaputren tak
jalukane bebono sing kaya mbok emban aturaken.
Salebete wawan rembag antawis gusti putri kaliyan mbok emban, mboten ka
nyono-nyono lembu sura mlebet kaputren saperlu sapejagong kalian gusti putri.
Lembu suro : “ Di ajeng pusparini
garwanipun kakang, kepriye janjimu ? aku mrene arep nagih janjimu yayi ?
Putri
: “ Iyo lembu suro aku gelem dadi garwamu nanging aku njaluk
panyuwun
marang sliramu.”
Lembu sura : “ Iyo yayi
panjalukmu opo ? enggal kondho mengko enggak kula laksanani.
Putri
: “ Yen sliramu biso gawe sumur ing puncake gunung kelud
sajroning
sewengi, aku gelem dadi garwomu, lembu suro.
Lembu suro : “ Opo nggawe sumur iku
kudu ana ing puncake gunung kelud ? opo ora ono papan seng cedak sakiwo tengen
kene wae ?
Putri
: “ Ora lembu suro , aku wes mantep njaluk digawekne sumur ing puncake gunung
kelud , mbesok samongsa awake dewe diresmek ake dadi temanten bisa ados bareng
neng sumur seng kok gawe kuwi.
Lembu sura : “ Yen penjalukmu
koyo mengkono ojo kuatir diajeng, bakal tak
turuti
panjalukmu mugo-mugo biso ngelaksanani panjalukmu.
Sasampunipun lembu suro angerteni panyuwunipun gusti putri sigro milar saking
kaputren terus bablas. Mlajeng ing sapuncaking gunung kelud sareng kluarga sang
prabu brawijaya. Dumugi ing gunung kelud , lembu suro nggina’aken sungu nipun
kangge ngeduk siti ingkang badhe damel sumur. Sak antawis dangu lembu suro
sampun mboten ketingal saking pinggire sumur. Dados lembu suro sampun tebih
mlebet wonten sajroning sumur. Ningali kedadean menika putri pusparini tansoyo
kuatir. Menawi lembu suro saget minangkani pamundhutipun. Sang putri nyuwun
dhumatheng rama nipun inggal laksanakaken tumindak, supados lembu suro saget
gagal anggarwo putri pusparini.
Putri
: “ rama .. pripun kahanan lembu suro kok saget ndamel sumur ? mugio
rama
gadah pratikel kados pundi cara nipun amprih lembu
suro mboten saget anggarwo kula.
Sang prabu : ” ya nini..
aku ngerti karepmu lan mengko dhisik tak mikir kepriye cara ne iki ?
Sang prabu ketawis gugup lan mandeg mangu, menggalih kadospundi cara nipun
lembu suro mboten saget anggarwo putrinipun
Sang prabu : “ he… kabeh
prajuritku wae podho siyaga . dina iki ana perintah kudu sigro dilaksanakne
yaiku nguruk sumur kanggo watu lan lemah ing sak kiwo tengen e sumur, ojo
katalumpen. saiko ugo laksanakno sampek sumur kebak watu lan lemah.
Prajurit
: “ inggih sinuwun nggestoaken dhawuh.”
Sedoyo prajurit ngelaksanakaken printah sinuwun nguruk sumur kalian selo lan
siti . saking lebet sumur kepireng sambate lembu suro.
Lembu suro : “ tulung…tulung…
tulung …ojo di uruk aku ana jerone sumur iki.
Para prajurit mboten anggatek aken sambat e lembu suro . para prajurit terus
nguruk sampe sumur kebak selo lan siti. Senaoso lembu suro ka uruk sajroning
sumur ananging, suwanten nipun tasih kepireng saking njawi sumur lan lembu suro
murka ngantos ngedalaken sumpah kangge prabu brawijaya lan sedaya kawula nipun
amargi cuwo penggalih ipun lembu suro.
Lembu suro : “ hey.., brawiyaya
mbesok bakal kepethuk piwalesku kang makaping kaping. Yaiku Kediri bakal dadi
kali, blitar dadi latar, tulungagung dadi kedung.”
Sajroning sumpahe lembu suro saben kaleh windu sepisan bakal ngerisak sedaya
wewengkon kerajaan prabu brawijaya.
No comments:
Post a Comment